Kamis, 30 September 2010

Abah Azzam el-Funduky

Assalamu'alaikum wr. wb.

Dumateng sedoyo jama'ah masjid al-Haq Pondok Condongcatur saha sedoyo warga dusun Pondok lan sekitaripun, kulo atas nami Pengurus Komunitas Padhang Bulan Indonesia bderek dedonga "Taqabbalallohu minnaa wa minkum" mugi-mugi Gusti Allah SWT tansah kersa hanampi sedoyo amal kesaenan kula dalah panjenengan sami sahinggo kita tansah pikantuk ridho saking ngarsa dalem Gusti Allah SWT lan pikantu "kemenangan" ingkang nyoto wonten ing alam ndonyo puniko dumugi benjang wonten ing akherat...aamien.

Lan sumonggo kito tansah haningkataken amal kesaenan kito kagem mbuktekaken bilih kito kagolongaken tiyang-tiyang ingkang pikantuk kemenangan ingkang nyata....

mumpung padhang rembulane....
mumpung jembar kalangane....

... ... ...

monggo kito makmuraken masjid al-Haq
tuwin Dusun Pondok ingkang kito tresnani puniko...

Salam kemajengan...lahir lan batin.....Insya Allah

*** Komunitas Padhang Bulan Indonesia ***